Ki Hajar Dewantara
|
|
Ki
Hajar Dewantara
|
|
|
|
Pejabat sadurungé
|
Ora ana, jabatan anyar
|
Pengganti
|
|
|
|
Lair
|
|
Tilar donya
|
|
Agama
|
Ki Hadjar Dewantara lair ing Yogyakarta,
2 Mei
1889 – tilar
donya ing Yogyakarta, 26 April 1959 kanthi yuswa 69 taun[1];
kuwi sawijining pelopor pendhidhikan
kanggo kaum pribumi Indonesia ing zaman panjajahan Walanda.
Lair kanthi jeneng Raden Mas
Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa
sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan
kayadéné para priyayi utawa wong-wong Walanda.
Tulisan Ki Hajar Dewantara sing
misuwur yakuwi "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens
Nederlander was), dipacak ing surat kabar de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker,
taun 1913.
Artikel iki ditulis jroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké
sumbangan saka Hindia Walanda (Indonesia), sing wektu kuwi isih durung mardika,
kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.
Ki Hajar Dewantara séda tangggal 26 April
1959
lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlati, Sleman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mei, sabanjuré didadèkaké Dina
Pendhidhikan Nasional ing Indonesia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak
Pendhidhikan Indonesia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp
20.000 taun emisi 1998.[2]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar